PERJUANGAN PANGERAN DIPONEGORO INGKANG SAGED DADOS PIWULANG


        Pangeran Diponegoro lahir tahun 1785. Piyambakipun Putra  Pangeran Diponegoro lahir pada 1785. Pyambakipun putra mbahrep saking Sultan Hamengkubuwono III. Ibunipun, Raden  Ayu Mangkarawati, Turunan saking Kyai Agung Prampelan, ulama ingkang disegani sanget wektu Panembahan senopati ngedeke kerajaan mataram. Umpami di udal urut-urutanipun dumugi Sunan Ampel Denta, Piyambakipun wali sanga saking jawa timur. Wonten ing kitabipun, Heru Basuki kasebut menawi Pangeran Diponegoro puniko ajeng dados Pahlawan gede ingkang ngerusak tiyang kafir. Heru Basuki Nyuplik crita meniko saking Louw, P.J.F – S Hage – M nijhoff, Eerstee Deel Tweede deel 1897, Derde deel 1904, De Java Oorlog Van 1825 – 1830 door, latar. 89.
      Kahanan kraton ingkang mboten sae amargi walanda mboten sae kagem pamulangan lan akhlakipun Diponegoro alit ikang asmonipun Pangeran Ontowiryo. Amargi punika, Ibunipun ngentunaken datheng tegalreja supados dipun asuh dhumateng eyang putrinipun Ingkang asma Ratu Ageng ing lingkungan pesantren.   Saking alit, Ontowiryo srawung kaliyan petani nanem uga mungut pantun. Kejawi punika Piyambakipun uga Asring makempal kaliyan santri ing pesantren Tegalrejo, ngremeng dados tiyang biyasa kalian ngagem rasukan wulung.
      Bupati Cakranegara ingkang nyerat Babad Purworejo sareng dhumateng Pangeran diponegoro nate Pangeran Diponegoro nate ngangsu kawuruh dhateng Kyai Taftayani, dhateng Kyai Taftayani, klintu sapriyantun tedhak saking keluarga asalipun Sumatera kilen, ingkang gadah dalem teng celak Tegalrejo. Miturut seratan residen Walandi wonten tahun 1805, taftayani saged nyaosaken pamucalan lebet bahasa Jawi ugi nate ngentunaken peputranipun datheng Surakarta, tuntunan pamucalan agami wonten wanci punika
       Wonten ing Babad cakranegara kasebutaken wondene Diponegoro piyambak ingkang mboten saged narimo dumados putra mahkota lan ngelilokaken kagem adhinipun R.M Ambyah. Alasanipun, konjuk dados ratu ingkang ngalenggahan yaiku Walandi. Diponegoro mboten didadosaken golongan tiyang ingkang murtad. Kaserat wonten Dakwah Dinasti Mataram bilih “ Rakhmanudin lan panjenengan Akhmad, Dadio saksi aku, umpama aku lali, elengna aku, Aku duwe tekad ora gelem didadheake Pengeran mbok sateruse terus diangkat dadri raja, koyo bapak utowo nenenda. Aku dewe ora gelem . Aku Tobat marang gusti ingkang moho agung, piro suene urip ing donya ra wurung nanggung dosa” (Babad Diponegoro, Jilid 1 latar 39-40). Lekasaning walondo mboten patuh kalian keratin diwiwiti mangsa kapengarepan Hamengkubuwana V tahun 1822 wondene Diponegoro dados salah satunggale perwalian ingkang ndampingi Hamengkubuwana V ingkang jangkep 3 tahun, wondenee sedinanipun pamerentahan dipun cemeng datheng Patih Danureja kalian Residen Walondo. Perwalian puniko ingkang dadosaken diponegoro mboten sarujuk. 
Perang Diponegoro
      Kawiwitan saking polah walondo ingkan masang patok wonten ing lemah kagunganipun Pangeran Diponegoro wonten ing desa Tegalrejo perang diponegoro kawiwitan. Piyambak ipun mboten remen datheng polah walondo ingkang mboten saged ngajeni tatakrama masyarakat lan ngolek untung sakgedhe-gedhene saking pajek. Wonten ing seratan Kareel A. Steenbrink wonten sebab liyanipun inggih meniko 
1. Wilayah kratong ingkang soyo ciut amargi di jupuk walanda
2. Mbten adil wonten ing masyarakat jawa
3. Sewa pakebonan ingkang ageng-ageng tumrap walondo ingang nyebabaken pengaruh walondo soyo gedhe
4. Kerja ingkang mboten sae mboten kagunaan tumrap tiyang Yogyakarta mawon ning iyo diagem walondo 
      Pangeran Diponegoro nentang walondo mboten ndeli-ndelik, lan tumindak meniko angsal dukungan saking tiyang-tiyang wonten ing Tegalrejo. Diponegoro angsal saran saking Pangeran Mangkubumi amargo polahe. Diponegoro dipum saranaken supados pindah papan lan damel papan anyar wonten ing goa selarong ingkang sakniki dados obyek wisata. Wektu kui diponegoro ngomong mbok bilih mungsuhane datheng walondo meniko dipun sebat perang sabil, ingih meniko perang datheng kaum kafir. 
      Semagatipun diponegoro gadah pengaruh ingkang mbten cilik dumugi wilayah pacitan lan kedu. Salah setunggalipun tiyang ikang dados tokoh agami saking Surakarto, Kyai Maja sareng sesambetan kalian pasukan diponegoro wonten ing goa selarong. Perjuangan Pangeran Diponegoro menika angsal dukungan saking Pakubuwono VI lan raden Tumenggung Prawiridigdaya Bupati Gagatan. Wonten ing pucukipun perang walondo ngadahi 23.000 serdadu lan meniko dereng nate kedadosan wondene wonten ing daerah cilik mboten ombo dipun kawal deneng puluhan ewu serdadu.
      Wonten ing tahun 1827 walondo nyerbu diponegoro ngagem coro benteng ingkang nyebabaken poro prajurit Diponegoro kejepit. Tahun 1829 kyai Maja dipun cemeng kalian walondo lan nyusul pangeran mangkubumi lan Panglimanipun Sentot Alibasya ngabang datheng walondo. Akhiripun wonten ing tanggal 28 Maret 1830 Prajurit Diponogero saged dipun taklukaken wontwn magelang. Ing mriko Pangeran diponegoro dipun cemeng. Sak sampunipun dipun cemeng Pangeran diponegoro dipunbuang wonten Makassar dumugi pejahipun wonten ing Benteng Rotterdam Wanci 8 Januari 1855
      Agama lan kahanan social ekonomi ngedadosaken Perang diponegoro punika dados perang ingkang nyupadosaken kerugian ingkan mboten sekedik datheng pemerintah walondo saged bangkrut amrgi perang. Korban perang walondo mbok menawi dipun reng-reng inggih meniko korban perang tiyang eropa 8.000 wondene tiyang pribumi wonten ing pihak walondo 7.000. Biayanipun ugi katah sanget inggih meniko 20 juta gulden lan tiyang ingkang sedo amargo perang Diponero inggih punika tiyang biasa lan para balanipun pangeran diponegoro dumugi 200.000. Dipun mangerteni mbok bilih sedoyo penduduk hindia belanda ing wektu meniko nembe wonten pitung juta tiyang, setengah penduduk ngayogyakarto sedo.
      Seratan ing dhuwur meniko saged mirengake mbok bilih perang Diponegoro meniko Peran ingkang Gede lan angsal pangajab saking rakyat kalian Pangeran Diponegoro.  Pangeran Diponegoro ingkan dipun kenal amargi surban lan jubahipun dipun akeni supados dalah satunggalipun Pahlawan nasional ingang gadah yoso ingkang angeng sanget kalian Bangsa Indonesia.

Oleh : Endri Agus N

1 comment:

  1. artikelnya bagus. dari http://www.momogi.id/

    http://www.momogi.id/2017/01/cara-memasukan-akun-twitter-di-blogweb.html

    http://www.momogi.id/2017/01/membuat-contact-form-pada-beranda-blog.html

    http://www.momogi.id/2017/01/cara-membuat-random-post-tanpa-thumbnail.html

    http://www.momogi.id/2016/12/cara-membuat-recent-post-responsive.html

    ReplyDelete

Powered by Blogger.